Contoh pidato (sesorah) halal bihalal dalam bahasa jawa

Contoh pidato dalam bahasa jawa
Contoh pidato (sesorah) halal bihalal dalam bahasa jawa

Contoh pidato (sesorah) halal bihalal dalam bahasa jawa

setelah satu bulan lamanya kita berpuasa tentunya kita melaksanakan zakat fitrah, dan setelah itu tentunya kita juga melaksanakan solat idul fitri, juga kita melakukan acara halal bihalal/silaturahmi atau juga kumpul-kumpul bareng temen, keluarga, atau kerabat dekat kita di mesjid, di kelurahan, dan sebagainya. Nah kali ini saya akan membagikan contoh pidato halal bihalal versi bahasa jawa. Oke langsung aja ke tkp gaspoool,,,,,,,,
Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarakatuh
Bapak Sodirun selaku kepala desa Karangrejo ingkang dahat kinurmatan. Ingkang Kinurmatan ketua LKMD Desa Karangrejo. Ingkang kinurmatan bapak sekdes desa Karangrejo. Ingkang kinurmatan sedaya kepala dusun desa Karangrejo. Ingkang kinurmatan ketua RT/RW lan sedaya warga desa Karangrejo.
Ingkang saklajengipun kula minangka wakilipun saking panitia halal bihalal nyuwun idin menehi atur pambyaharja dhumateng para rawuh sedaya. Lan kula ngaturaken matur suwun kagem bapak/ibu warga desa Karangrejo ingkang sampun maringi wektu kangge kula ing mriki.
Ingkang kaping pisan sumonggo kita ngaturaken puji syukur dhateng Allah SWT ingkang sampun maringi kasarasan, sarta hidayah inayah-Ipun dhumateng kita sedaya, dumugi kita saged kempal wonten ing adicara halal bihalal, kanthi mboten wonten alangan satunggal menapa. Lan kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing mriki kangge acara halal – bihalal. Mugi niat ikhlas panjenengan sedaya tindak saking griya dumugi papan menika kecatet dados satunggaling amal kesaenan dhateng Allah SWT.
Para rawuh ingkang kinurmatan ! ,  Mugi-mugi acara Halal Bihalal menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sapada, ingkang rumaos lepat mboten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf menika sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya.
Para rawuh ingkang kinurmatan !  ,  Mugi kanthi wontenipun acara menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak ingkang sae dhateng sapada, ajen-ingajenan, tresna-tinresnanan ing antawisipun ingkang mudha dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata krama ingkang sae, ndadosaken silaturahmi saged lumampah kanthi lancar.
 Para rawuh ingkang kinurmatan ! , Wonten tetembung menawi silaturahmi menika saged manjangaken yuswa. Pramila sumangga acara menika saestu nambahi seserepan tumrap kita saengga kita saged gesang ing madyaning bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahmi kanthi sae dhateng sapada.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawah ingkang mboten mranani penggalih dhateng para rawuh sedaya, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Lan kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun nyemak sambutan saking kula. Akhiru salam Wabillahi taufik walhidayah ,  Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarakatuh
Itulah contoh pidato halal bihalal  dalam bahasa jawa yang masih jauh dari kesempurnaan yang dapat saya sampaikan,  semoga bermanfaat.  Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Comment 1

  1. Perfect piece of work you have done, this internet site is really cool with fantastic information. https://local-auto-locksmith.co.uk/fiat/

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *